Selamat datang kawan kassai... Jangan lupa tetap utamakan kode etik berinternet ~_^ V -- Pengunjung yang baik selalu meninggalkan jejak lewat komentar ;) juga jadi member :D

Rabu, 20 Agustus 2014

Aja Gengsi!

Helo gaes... ^_^
Aku pengin cerita tentang bahasa sing tek uri-uri ngasi siki, senajan aku siki kembule karo wong sing ngomonge lu gue -an, tapi logat jawane aku esih tetep katon. Ngasi-ngasi nek wong pertama kandah karo aku mesti langsung mastikna bahwa aku wong jawa.  Ya, soale aku mendok banget nek ngomong. Aku ora nggawe-gawe lho, embuh kenangapa, pernah aku ngasi kepikiran banget, gara-gara murid les-ku (cah SMA) ngomong kaya kiya "Pertama kali aku diajar kaka, aku langsung ilfeel sebenarnya. Aku ga suka cara bicara kakak...." Mak jleb banget yakin, tapi aku mung bisa mesem, sebenere pengin nangis, aku kuwe pengin disenengi anak didikku, aku wis berusaha ora medok, tapi tetep bae. Ya sudahlah. Terus, bocah mau ngelanjutna ngomonge, "...tapi ternyata kakak orangnya baik banget, terbuka dan perhatian... Jadi lama-lama aku suka...Maafin aku kak..." aye sir! aku lagi ora ngalem dewek, tapi emang kenyataane kuwe sing diomongna bacah mau. Selju Ermusi, aku esih kemutan arane. Hai, Selju... Apa kabar? Aku wis ora ngajar bocah mau, percakapan kuwe mau ya percakapan terakhir sedurunge aku pindah ngajar.


Terus, neng kampus aku ketemu karo senior. Lha kae wong malah ngomong jere malah seneng banget karo wong sing ngomonge medok,,, Hehe jebule ora kabeh wong wadeh meng cara ngomonge aku :D

Aku seneng dadi wong jawa asli, ciri khas-ku medok. Ya mungkin kuwe salah satu caraku nguri-uri kejawenku, cinta kampung halaman. Aku ora isin, aku ora gengsi. Aku malah bangga nek bisa ngenalna daerah asalku, Purbalingga. Purbalingga kota perwira. Panggonane wong-wong medok. Purbalingga kota tercinta. Lan, aku gumun n kecewa berat nek kenalan kambi wong, ngaku-ngaku daerah asale daerah liyane, ora wani ngakuni maring daerah asale. Pirang dina kepungkur, aku bali nge-les bocah wngi-wengi. Aku numpak taksi, soale wis langka angkot. Sopire medok banget, lewih medok sekang aku. Tek takoni.
"Bapak dari jawa ya?"
"Iya neng..."
"Jawanya mana pak?"
"Purwokerto neng..."
"Wah, saya Purbalingga pak, berarti kita tetanggaan pak..."
"Iya, aku juga purbalingga, purbalinggane neng Sirongge..."
"Wah, nek kula Mrebet pak..." dan seterusnya, akhire ngobrol ngalor-ngidul ora genah.

Hemm, aku rada kecewa jane, ... kenangapa kok ngakune purwokerto! batir-batirku juga akeh sing kaya kue, ora mesti purbalingga si, ya pokoke sing ora gelem ngakoni daerah asale, malah kayane lewih mbanggakna kota tetanggane. nek detakoni, jawabane jere durehe anu kotane dewek ora terkenal, langka sing ngerti. Ya kon agep terkenal kepriwe, wong ngenalna be ora... -_- pantesan sing terkenal malah tanggane.... Heuh...

Ya, intine aja kelalen karo tanah leluhur. aja gengsi-gengsi nek ngakuni kampung halaman. Kudu bangga.... Aja malah mbanggakna kampung sebelah, kampunge dewek jere malah isin ngakuni. Kuwe arane wong njludrah.

wis ya... aku arip, wis wengi. Oke bay bay... :D

4 komentar:

  1. Wew cetar membangkakan weteng.. hehehe
    Tp maju terus ngapak, , ora ngapak ora kepenak.. heee

    BalasHapus
  2. kak, aku kangen karok kakak... heheh

    BalasHapus
  3. kakak apa kabar, kakak sekarang dmana ?

    BalasHapus
  4. hei selju! ga nyangka bisa ketemu kamu disini... :D
    gimana ceritanya kamu bisa sampai di blog acak adut ini...?
    hhhe

    alhamdlillah aku sehat. kmu gimana kbar?
    aku sekarang di ciputat.
    km sekarang kelas xii ya? gimana belajarnya? hehhhe

    BalasHapus